
Mugi kepareng kula matur wonten ing ngarsanipun para pamaos.
Keparenga kula tumut ngregengaken swasana ing jagad maya punika kanthi andamel blog ingkang kula paringi nama Nawala. Nawala miturut bebrayan Jawi punika tegesipun layang utawi surat. Kajengipun kula paringi nama mekaten jalaran, kula nggadhahi pangajab, mugia blog punika sageda ngintunaken pamanggihipun manah kula konjuk para pamaos ing saindhenging bawana. Pamanggih ingkang kaajab mugi sageda dados brayating taman santunipun kawruh humaniora ing jagad madyapada punika.
Lajeng, mangga kagem para pamaos ingkang badhe tetepangan utawi paring pamrayogi, sumangga kula aturi mlebet lumantar email kula, wonten ing: taufiqjawa@gmail.com. Mangga sesarengan sami lintonan kawruh, murih ngrembakaning budi lan cipta kita minangka titah awarni manungsa.
Wasana kula ngaturaken sugeng ngrahabi blog kula wonten ing papan punika. Mugi mumpangati tumrap sedayanipun.
Mugi rahayu tansah panjenengan panggihi..
nuwun
Muh Taufiq

Comments
Leave a comment Trackback